Hakim :
sampeyan wis mantep pengin pisahan karo bojomu?
Maryatun : sampun pak hakim
Hakim : nggak nyesel tah?
Maryatun :
mboten pak, kulo sampun mboten kiat nglakoni, sinten sing kiat rumah tangga menawi saben dinten bojo keluyuran dateng
diskotik, blusukan dugeman lan dateng hotel,
Hakim :
lha bojomu opo seneng mabuk-mabuk an tah??
Maryatun :
mboten pak hakim.
Hakim :
opo bojomu seneng dugem, clubbing, utowo main wedok an?
Maryatun :
mboten pak hakim
Hakim :
lha terus opo bojomu kok nang dugeman, diskotik ngono?
Maryatun :
madosi kulo pak hakim, kulo kan isin kalih konco-konco lan langganan sing
mbooking kulo,,
Klothak,,,,, (palune hakim disawatno neng
ndase maryatun) ancene kowe dewe seng edan..!!!